Sabtu, 10 Juni 2017

JULUNG BATANG





Tawang ing brang kulon wis kêbak cahya abang kuning. Sabên mripat nyawang, ora ana kang bisa dipêthuki kêjaba amung murubé bagaskara pungkasan. Sêdhéla manèh, sumbêr panguripan arcapada iku bakal amblês ana sikilé tawang. Codhot-codhot blêbêran mêtu saka pasanggrahan. Sriti, emprit, podang lan sapanunggalané wiwit mlêbu mring pasaréan.

Surub iku, sawijining papan ing èrèng-èrèng gunung Welirang wis katon ramé. Datan kêndat lakuné jalma, kaya iwak pathing blêbêr mambu jala. Dalan-dalan kêbak bakul kalawan pit, kalawan motor roda papat. Nanging, ana sajêroné sênthong paséwanan, sawijining jaka malah kawêdèn. Dhèwèké tansah kèlingan wêjangan simbah, bapa lan simboké.

Sapasang mripat galak kang bundêr sêsêr, kanthi cumlorot cahya ijo murub, nyawang saka rumbuké wana.

“Éling-élingana, lé. Ojo pisan-pisan mêtu saka sênthong wayah candikkala. Biyèn nalika simbokmu nglairaké kowé, anêpaki julung batang.” Mangkono ukara kang tansah diélingaké marang Reihan, bocah ontang-anting kang saiki wis dadi jaka.

Miturut wong Jawa, manungsa kang lair anêpaki pungkasané cahya bagaskara ing wayah surub, diarani manungsa julung batang. Awakê duwé ganda basin kaya batang. Ganda iku kang tansah digolèki sato kéwan awujud macan. Yèn tinêmu, manungsa julung batang bakal dadi mangsané macan.

Ora adoh saka panggonan Reihan kêmulan, kênya ayu pinaring asma Fenny wis bar anggoné pupuran. Alisé kang nanggal sapisan katon samsaya panthês, nalika sisihané Reihan iku anglabur lambé gawé bèngès wêrna abang. Lakuné mblarak sêmpal, alon-alon tumuju mring sisihané.

“Lha kok malah kêmulan iki karêpmu piyé tho, mas?”

“Sêdhéla manèh, wuk.”

Fenny ora srantan manèh. Kêmul kang nggubêt ana awaké Reihan disêndhal. Fenny kaget nalika nyawang awak sisihané gêmêtêr. Kêringêt pathing dlèwèran ana gulu, tangan lan dadané Reihan.

“Sampéan lara tho, mas?”

“Ora, wuk.”

“Lha gênèya kok têlês blês kaya mangkono?”

“Ora apa-apa, wuk. Awakku amung rada ora kêpénak waé,” pungkasan sumauré Reihan.

Durung suwé anggoné sapasang lanang wadon padha gunêman, krungu swara jêrit saka sênthong kiwa têngên. Reihan sanalika oncat saka papan turu. Fenny ngrangkul ing dada sisihané.

Kobongan ... kobongan ... kobongan!

Wong-wong kang nginêp ing paséwanan panggon turu iku banjur padha sêmburat kêplayon kabèh. Ora mikir suwé, Reihan ngajak Fenny mêtu saka sênthong paséwanan. Dhèwèké sanalika lali yèn ana jaba, cahyané bagaskara durung ilang kabèh. Ing tawang brang kulon, candikkala durung lunga.

Sênthong paséwanan iku papané ana ing dhuwur sawijining giri. Gawé tumuju dalan aspal, kudu mlaku sauntara wêktu. Ngliwati wana cilik kang wis dipacaki dadi taman. Reihan kaya-kaya arêp nggêblak, nalika lakuné cumêgat dêning sawijining kewan kang suwéné iki tansah dadi pangapêsan uripé. Dhèwèké banjur kèlingan marang simbah, bapa lan simboké, yèn kadadèyan dina iku, minangka pêpéling yen wis titi wanciné Reihan tumêkané pati.

“Mlayu ... mlayu ... mlayu, wuk!” Reihan mbêngoki Fenny kang ngadêg jêjêg ing mburiné. Sisihané iku amung ndomblong, ora mangêrtèni ukara kang sinêbut lambéné Reihan.

“Mas Reihan, sampèan iki gênèya?”

Ora suwé, Reihan mlayu ninggalaké Fennyy. Ana panyawangé, sawijining macan babon wis ngêthokake siung. Ilêré dlèwèran mêtu saka lambé, banjur mlayu nubruk awaké Reihan.

“Mas Reihan ... !!!”

Fenny njerit sabantêr-bantêré nalika wêruh sisihané disambêr sawijining motor roda papat. Gêtihé pathing dlèwèran saka sirah. Dadané katon kêjèt-kêjèt. Sadurungé Fenny mlayu lan ngrangkul awak kang jibrat gêtih iku, Reihan wis mêrêm salawasé.

TANCEP KAYON

Heru Sang Mahadewa
Member of #OneDayOnePost

2 komentar:

Contact Us

Nama

Email *

Pesan *