Minggu, 16 Oktober 2016

GORO-GORO



Goro-goro jaman kalabendu
Akeh guru disatru
Durjana dipuja

Menungso podho seneng crah
Barang jahat diangkat-angkat
Barang suci dibenci
Lali kamanungsan
Lali kabecikan
Lali sanak lali kadang
Sedulur podho cidro
Kulawargo podho curigo
Konco dadi mungsuh

Ngumbar nafsu angkoro murko
nggedhekake duroko
Wong apik ditampik-tampik
Wong olo kapujo

Akeh wong ngedol elmu
Akeh wong ngaku-aku
Njobone putih njerone dhadhu
Ngakune suci, nanging sucine palsu

Katentreman soyo ilang
-
-

Surabaya, 16 Oktober 2016
-
(Heru Sang Mahadewa)
Member Of OneDayOnePost

- Diolah dari berbagai pagelaran wayang kulit -


0 komentar:

Posting Komentar

Contact Us

Nama

Email *

Pesan *